Pandu van Java

Belajar, Berbakti, dan Berjuang

Pambukaning lan Panutuping Atur ing Acara Tahlilan

| Comments

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله ربّ العالمين. والصلوة والسلام على اسرف الانبياء والمرسلين. وعلى اله واصحابه اجمعين. اما بعد

Bapak-bapak para rawuh ingkang kula hormati,

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami ngunjukaken puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kula lan panjenengan sami, sahingga kula lan panjenengan sami saget makempal nyawiji wonten dalemipun Bapak …… kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubeda punapa-punapa. Mugi-mugi kerawuhan kula lan panjenengan sami estu-estu dipuncathet kalian Allah SWT dadosa amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin…

Sak lajengipun sholawat lan salam mugi katur dhumateng junjungan kita kanjeng nabi Muhammad SAW, ingkang sampun paring pitedah dumateng kula lan panjenengan sami arupi agami Islam. Mugi-mugi dalu punika ngantos akhir hayat kula lan panjenengan sami tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kula panjenengan sedaya angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin amin yaa robbal ‘alamin …

Bapak-bapak para rawuh ingkang kula hormati, dalu punika Bapak … sak kulawarga ageng anggadhahi hajat inggih punika kintun doa saha nyuwunaken pangapunten dumatheng almarhum/almarhumah …. ingkang sampun sowan marak dhumateng ngarsanipun Allah swt. Awit saking punika kula lan panjenengan sami dipunsuwun panyengkuyungipun inggih kanti maos surat Yasin saha zikir lan tahlil. Mugi2 kanthi waosan serat Yasin saha zikir lan tahlil samangke arwahipun almarhum/mah …. dipunpapanaken wonten ing papan ingkang sae, dipunapunten sedaya kalepatanipun, lan dipuntampi sedaya amal kesaenanipun rikala sugeng ing alam donya. Lan mugi2 sedanipun almarhum/mah … punika kagolong seda ingkang khusnul khatimah. Amin…

Bapak-bapak para rawuh ingkang kawula hormati, mangga kita awiti waosan surat Yasin saha zikir tahlil ing dalu punika kanthi waosan ummul kitab Al Fatihah ….

……………….

……………….

……………….

Bapak-bapak para rawuh ingkang kula hormati, mekaten wau waosan serat yasin, tahlil, lan doa sampun kalampahan kanthi sae, Mugi-mugi punapa ingkang dados niat lan hajatipun Bapak …… estu-estu dipuntampi lan dipunkabulaken dening Allah SWT. Amin…

Wasana cekap semanten anggen kula matur. Mbok bilih wonten kirang langkung atur kula dumateng panjenengan sami, kula nyuwun agenging pangapunten.

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Komentar